Home » , » Pidato Bahasa Jawa

Pidato Bahasa Jawa

Written By Depid on Sunday, January 15, 2012 | 11:33 AM

Pidato Bahasa Jawa ini sengaja saya tulis di sini bagi teman-teman yang mungkin membutuhkan sebuah referensi dalam menulis sebuah pidato, khususnya dalam bahasa jawa. Pidato Bahasa Jawa ini merupakan karya asli saya sendiri ketika masih duduk di bangku SMP. Saya berharap, bagi teman-teman yang membaca tulisan ini dan memang sengaja akan menulis pidato bahasa jawa, saya harap teman-teman cukup menjadikan tulisan pidato bahasa jawa saya yang jelek ini sebagai acuan saja dalam membuat.



Assalamu'alaikum Wr. Wb.



Ingkang kawula hormati Bapak Sudirman,

Lan kanca-kanca ingkang kawula tresnani.



Sepindah sumangga kula lan panjenengan sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh SWT ingkang sampun maringi kapinten-pinten rohmat, nikmat, taufik saha inyahipun dhumateng kula lan panjenengan sami seangga wonten wekdal punika kula lan panjenengan sami saged makempal wonten panggenan mriki kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.



Kaping kalihipun sholawat sarto salam mugi tetep kalimpahaken dhumateng junjungan kula lan panjenengan sami Nabi Agung Muhammad SAW ingkang mbeto umatipun saking jaman jahiliyah dumugi jaman islamiyah ingkang kula lan panjenengan raosaken sak punika lan kula lan panjenengan antu-antu syafaatipun mbenjang wonten yaumul kiyamah.



Jejer kula wonten mriki badhe mendhet irah-irahan "Kewajibanipun Pados Ilmu".



Manungsa wonten alam ndonya menika diwajibaken pados ngilmu saking wiyos dumugi sedo. Kados :



ا لعلم من ا لمحد ا لى ا لحد



Amargi karana ngilmu, kula lan panjenengan sami saget terdidik lan terlatih kagem mawujudaken kekajengan kula lan panjenengan sami. Kula lan panjenengan sami mboten namung wajib pados ilmu ndonyo, ilmu akherat inggih penting uga, amargi saget ndidik akhlak kula lan panjenengan sami. Saengga kedah seimbang ilmu ndonyo kalian ilmu akherat. Kados ngendikanipun Rasullulloh SAW:

"Sopo bae pengen ndonyo kaleh ilmu, sapa bae pengen akherat kaleh ilmu, sopo bae pengen loro-lorone kaleh ilmu". (H.R.Muslim).



Kanca-kanca, mangga sakniki kula lan panjenengan sami nuntut lan pados ilmu sak kathah-kathahipun ingkang leres, sabar lan ikhlas kagem masa depan kula lan panjenengan sami.



Namung semanten pidato kula, mbok bilih wonten klentunipun anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten sak kathah-kathahipun. Akhiripun,



Wassalamu'alaikum Wr. Wb.




2 comments:

  1. makasih banyak dan izin copas dibuku tulis

    ReplyDelete
  2. @Anonymous: Hahaha... itu puisi saya yang jelek loh...

    ReplyDelete

Jika ada yang masih kurang jelas, silahkan untuk bertanya pada kolom komentar di atas atau dengan menghubungi saya di halaman kontak.

1. Centang kotak "Notify me" untuk mendapatkan notifikasi komentar.
2. Semua komentar dengan menambahkan link akan dihapus dan tidak ditindaklanjuti

close